25 September 2019

WEJANGAN ILMU KANURAGAN

Tiba-tiba teringat wejangan salah satu kyai guruku sesaat sebelum Be'atan ilmu terakhir:
''Le.. Diluk ngkas wis purno ngelmu sing mbok goleki soko aku. Njok aq arep takon: Lek wis blajar kanuragan ngene iki trus arep nyapo? Opo arep gelutan saben dino?''
''Mboten yai..''
''Lha trus? Arep mbok ngge opo?'' (Aku tunduk terdiam, tak bisa berkata apa-apa)
''Hehehe.. Arep mbok ngge opo Le? Jawaben!''
''Jaga diri yai..''
''Opo uripmu tansah dikepung musuh?''
''Mboten yai..''

''Ngene yo Le.. Blajar kanuragan kuwi intine blajar Tirakat. Ben kowe iso ngerteni yen uripmu kwi tansah dikancani sing jenenge Amaroh, lawamah, Supiyah lan Mutmainnah. Kwi wis kodrate uripe menungso. Mbok sadari yo tetep ono. Ora mbok sadari yo mesthi melu. Dadi, lek wis mbok sadari yen lelakumu tansah bebarengan karo napsu papat kuwi, sebagai wong ahli tirakat kowe kudu iso dadi Kusire, ojo malah dadi Jarane. Kowe kudu iso matrapne kapan suwijine napsu kwi oleh metu ing wektu kang pener lan kahanan kang bener.''

''Berarti mboten diilangi sedoyo nggeh yai..? Anu, maksud kulo namung digondeli napsu Mutmainnah e thok, ngaten...''.
''Hehe.. Aku takon: seumpomo bojomu direbut uwong, kowe trimo pora? Utowo: bapakmu diidone wong wajah e, kowe ikhlas pora?''
''Nggeh mboten yai..!''
''Meneh: seumpomo kowe Luwe, njok golek sego neng pawon opo pasrah ing kahanan?''
''Nggeh pados maem, yai..."
''Trus.. Seumpomo kowe iso sekolah, pengin dadi juara pora? Pengin nyenengne atine wong tuamu pora? Utowo, mbesok yen wis kerjo, pengin duwe omah,kendaraan lan liyo-liyane ngge nyenengne anak bojomu pora kiro-kiro?''
''Nggeh pengin yai..''
''Ooo.. Tak kiro nek bojomu direbut wong banjur mbok ikhlasne. Wong tuamu diidoni wong yo mbok ikhlasne: Wetengmu luwe yo cukup ikhlas ing kahanan. Sekolah, nyambut gawe yo sak sak e, gak butuh nyenengne sopo-sopo..??''
''Hehe.. Nggeh yai?''
''Weleh.. Nggeh ngono kuwi?? Tenane...? Hahaha"
''Anu.. Mboten yai. Maksud kulo, nembe paham kulo yai. Tapi... Yg dimaksud mbenjing sing ditampi Gusti Alloh namung napsu mutmainnah e tok niku pripun yai?''

''Maksudte: yen kowe iso ngemong napsumu sing telu kuwi kanthi bener lan pener, sarto kabeh diniati netepi dawuhe gusti lan golek ridhane gusti, yo kwi kenek diarani napsu mutmainnah. Dadi, durung mesti sing diarani napsu becik kwi yen kowe wiridan karo sholat tok lho? Kowe njotos wong sing ngrebut bojomu kuwi iso dadi ngibadah..Kowe nggepuk rampok sing gawe resahe wong akeh kwi iso diarani ngibadah lho.. Sewalik e, nek enek maling, wong2 podo rame ngoyak, gek kowe malah wudhu trus etok2 sholat, kuwi malah doso..''

''Oo.. Ngaten nggeh yai?''
''Iyo.. Yo kuwi gunane kowe diwehi ati lan pikiran nyang gusti Alloh. Ben ngerti antarane barang kang Pener lan ora pener, antarane Bener lan salah. Lan ugo diwehi perasaan ben ngerti antarane prilaku becik lan olo. Kanuragan,, kuwi mung salah swijine ilmu katon kang dadi bonus kanggo nggenepi sangu lakumu nggoleki ilmu kasunyatan. Sing kudu mbok temeni yoiku Tirakate. Amergo kuwi kuncine ngaweruhi kabeh mau. Kuwi kuncine nggoleki ilmu kasunyatan''

"Berarti sak sampunipun di sahne mengke, kulo dereng lulus yai? Dereng saged 'wherr-wheran' konvoi teng ndalan?"
"Hahaha... Ternyata kadohan lek q ngandani Le... Jebul kelasmu sek kor sakmono... Sek suwi banget jangkamu. Yo wis, gek ndang wudhu. Gek dilekasi acarane.. Sing penting mbok eling2 wejanganku kuwi mau. Sok nek wis titi wancine,kowe bakal ngerti dewe..."

Wejangan Kependekaran

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.