23 Maret 2016

RAMALAN JAYABAYA 3


Artikel terkait:

Artikel ini adalah lanjutan dari Ramalan Jayabaya 2, selamat...membaca..!!

1.  Patine nunggu sabdo Bupatine Perang Bathoro Endro. Disabdo mati tan keno mimis, tan keno panggawe olo, nanging cures ludes margo lemes. Ketekan bayu priyanggo sinendal sinambi miring. Patine amargo kecepit Sakating daging.


2. Ono wong tuwo ahli topo Agung. Muncul neng tengah gunung Kendang angrasuk busono ireng, ambiyantu Ratu sing dirubung tuyul anggereng. Pandhito iku ajejuluk Condro Sjji Jawa.

3. Adedagang carang klambi udang Lan lawe benang. Disujudi wong lanang sapirang-pirang. Umumyo tan panjang, namong saudarao Jowo bang.

4. Tutupe udarao jolu ngolu, udarao kaping jinggo nem pindho taun Masehi. Amargo tinutup kuali lumuten, kinepung semut ijo danten.

5.   Polahe wong Jowo kadya gabah dan interi. Endi sing bener endi sing sejati. Poro topo ora wani podho wedi anylarake wewulang edhi margo salah-salah nemu pati.

6.  Hamongso wus udarao jilu mo udarao Jowo ngolas molu udarao iso. Bakal ono Dewo angejowantah, apangawak manungso, apasuryan pindho Bethoro Kresno awewatak Bolo Dewo agaman Tri Sulo Wondho.

7.   Sadurunge teko ono tetenger, lintang kemukus dowo ngalu-alu tumonjo ono kidul wetan bener. Lawas pitung bengi, parak esuk benter, ilang katut Bathoro Suryo. Jumedul bebarungan prihatin, sing wis mungkur, yoiku poro Dipati sing ngempet-ngempet sumur daning manungso anak turune setan mabur prihatine kawulo kelantar-lantar, iku tandhane putro Bethoro Endro wus katampo topo lagi teko. Ing Marcopodho ambiyantu wong Jowo.

8.    apaparap Pangeran prang, tan pekso angone nyangang. Ngerahake sakabehing jim setan kumoro prewangan poro lelembut kebawah prentah saeko proyo, kinen ambiyantu poro manungso Jowo. Podho asesende. senjoto Tri Sulo Wondho. Kaderekake Sabdo Palon Nayaginggong.

9.  Putro kinasih sawargi Sunan Lawu. Yo Kyai Ageng Brojomurti, yo Kresno yq Harimurti. Mumupuhi sakabehing Iaku, nugel tanah jowo kaping pindho.

10. Nyuwun laki rabi ora gantalan ratri mesti amujuti, mundhut sugih katuntun garis. Nyuwun upo mesti sembodo, garis sabdo ora gantalan. Bejo begjane sing yakin Lan tuhu setyo sabdaniro.

11. Dewane mung siji, kiblate ngalor ngulon. Yen nyembah nyungkemi lemah silo, ngedangkreng karo andremiming. Sambate anggelak blabar lan olah-olah salah ngematake sayur mentah. Nanging ugo bisa nyembadani ruwet tentreming wong sapirang-pirang, sing podho nyembah reco andhaplang. Cino eling omah-omahe. Kabeh pinaringan sabdo yo podho manthuk-manthuk.

12.    Pendak suro nguntapake kumara kang katan nebus dosanira, kaadepake ngarsane kang kuwoso. Isih timur kaceluk wong tuwo, pandereke Gatutkoco sak yuto.

13.  Idune idu geni, sabdane melati sing mbregudul mesti mati, ora tuwo ora enom podho dane bayi wani ora andayani. Yen kerso sinujudan wong tanah Jowo, nanging mung dipilih sopo-sopo.

14.  Waskito pindho Dewo, bisa nyumurupi lahiriro, embahiro, buyutiro, canggahiro pindho lahir barung sedino. Ora keno diapusi mergo bisa moco ati. Wasis micoro, pinter wegig tumompo.

15.   Dunung ono sasikili Redi Lawu sisih wetan, wetane Bengawan banjir, adedukuh pindho Raden Gatutkoco, arupo pagupon doro tundho tigo, kaya manungso sing angleledho.

16. Yen siro nyebut namine mesti dadi rame, asmane bisa ngramekake sing rame, sing kasinungan ebila wewe.

17.  Adhepe pondhok tan karuan kiblate, mulo yo ngerti jantrane jaman. Abondho bandhu nanging ora duwe, titihane turonggo asikil limo cacahe. Ulese pasurya Bolo Dewo, gigire nganggo ules Getihe Punto Dewo.

18.  Yen katitih playune pindho ibere Gatotkoco. Sing nitih yo titihane Bathoro Kresno yen nitih ono wetenge turonggo.

19.  Yen krungu asmane podho gething, yen wus kenal podho nyanghing, sucihik suthik ditinggal plencing. Begja begjane sing bisa nyanghing. Biso akas digdoyo tanpo aji keling. Pindho manungso digdoyo kaya Baru Klinting.

20.  Bupati apaparap Bupatine Prang, sing wani bakal wirang. Yen nglurug tanpo bolo, digdoyo tanpo aji opo. Lamun menang tanpo ngasorake liyo. Pancen sugih nanging tan abondho.
Bersambung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.