25 Maret 2016

RAMALAN JAYABAYA 4


artikel terkait:

Artikel ini lanjutan dari Ramalan Jayabaya 3, Selamat membaca...!

1.  Wasis wegig,  waskito, ngerti sadurunge winarah, pindho Dewo angejowantah. Biso pirso embahiro, angawuningani jantrane jaman Jowo, ngerti garise siji-sijine umat tan kalepyan susurupe jaman.


2.  Mulo dan, upadinen sinatriyo Iku, wus tanpo bapa Lan bitu, lola wus apupus wido Jowo, mung ngandelake Tri Sulo, landepe tri sulo putuk, arupo suthik gegawe, gegawa pati utowo utang nyowo. Sing tengah sirik gegawe kapitunane liyan, sing pinggir tolak colong jupuk winarno.

3. Serik dan menehi ati melati, bisa kesiku. Senenge anggondo ajejaluk coro nistho, mangertiyo iku coba, ojo kaino-ino, hegja-begjane sing dipundhuti. Ateges ditompo jantraniro, kaemong siro sabroyo.

4. Ing aran Begawan, wong dudu Pandhito, sinebut Pandhito dudu Dewo, sinebut Dewo kayo manungso, kinen anggep manungso, eming duwe doyo tan opo ditakani tan dinalekake tan ono jontro kang disisihake kabeh kajarwakake jlentreh arang-arang terang adrandang.

5. Ojo gumun ojo ngungun, yo iku Bathoro Endro, kang pembayun. Turase kuwoso mbendhung setan. Idune tirto Brojomusthi, pisuh kaya ngundhuh yoiku kang bisa paring pituduh, marang jarwane jongko kalaningsun. Tan keno dan apusi, margo bisa manjing jroning ati, ono manungso serik ojo gelo, iku dudu wektuniro; ngangsuo sumur Ratu Tanpo Makutho.

6. Nanging musnae tanpo lari, ing tembe udarao Jowo Ngolas Rodas, udarao Isa Jingo Ngalu molu sing menangi enggalo dan luri. Ojo kongas jaman kandas mandhepo dan marikelu, begjo begjane anak putu.

7.  Iki dalane sing eling Lan waspodho, Ing jaman Kala Bendu Jowo, ojo nglarang dalan wong ngluri, wong pangawak Dewo, Dewo pangawak manungso, sing malang-malang bakal cures ludes sak broyo diomo Kumoro. Ojo kleru Pandhito samudano. Lurinen Pandhito asenjoto Tri Sulo Wondho. Iku paringane Dewo.

8.  Lenggahing Pembayun, Bethoro Endro; bebarungan jaman angkaro murko soyo ndadi, kono-kene soyo bingung, akeh wong kabiluk melu curang, kawulo wani bandoro, buruh wani juragan,  juragan dadi umpan, sing asuworo seru sora oleh bolo. Wong pinter diinger, akeh wong pinter podho keblinger. Wong olo podho dipujo, wong ngerti mangan ati.

9. Bondho dadi suwolo, pangkat dadi pikat. Sing menang podho sawenang-wenang rumongso menang, sing salah mung ngalah rumongso kabeh salah. Ono bupati soko wong asor imane. Pepatih Kepala Judi, sing ati suci soyo dibenci, sing jahat pinter anjilat tur oleh hajat, sing maling tenguk-tenguk nemu kethuk, pitik angrem sak dhuwure pikulan.

10.   Begal podho andugal, rampok keplok, wong omong mitenah sing diomong. Wong jogo nyolong sing dijogo, wong njaluk dijamin, amargo wedi dadi karmane sing jahat, sing jahil. Wong cilik kepencil.

11. Ono janma ngaku-ngaku dadi ratu, dhuwe bolo Lan prajurit. Negarane ambaran saprowolon umbul-umbul warno jenang gulo. Tinengeran gamane cah angon rojo koyo, disulutri gamane pandhe pandhe wojo. Wong suci dibenci, wong jahat diangkat drajad, timah dianggep perak, emas dianggep tembogo, dandang diunekake kuntuk, wong dosa sentoso, wong becik dkekik, maling lepas giring, sing maling kepethuk maling.

12.   Akeh sing tudhung kuwali lumuten, podho kepikut katut, janji menehi drajad jebulane ngajak mlarat, pinter micoro sing bener digawe olo puntone podho mati neng pinggir kali, tanpo sirah namung gembung.

13.  Wanita angger wani, jebule kelangan laki, laki mati tan karuwan kubure tan karuwan dinane, akeh mati tanpo slametan, modin podho ngungsi mergo wedi mati, sing ngurusi wong mati digawe pati.
bersambung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.