25 Maret 2016

RAMALAN JAYABAYA 5



Artikel terkait:

Artikel ini merupakan bab terahir tentang ramalan Jayabaya.  Semoga bermanfaat dan dapat menambah perbendaharaan khasanah budaya mistik di Nusantara tercinta ini.  Selamat membaca...!!

1.    Iku balesane Semut Ijo kang kelangan Nganorang sapto, linuweng ing sumur Jolotundho kang kebak isi boyo. Iku tandane mungkure jaman, jaman wong sugih kroso wedi, wong wedi dadi priyayi, senenge wong jahat susahe wong becik.


2. Nanging manungso podho kuciwo margo dakwo-dinakwo. Ratu podho rembugan negoro endhi sing dipilih lan disenengi. Hera-heru wong Jowo kari separo, Londo Cino kari sejodo.

3. Cino arang eling, keplantrang dibandem ganciring, melu wong Jowo sing podho eling, sing ora eling podho muring, mlayu-mlayu koyo maling keno tuding, mergo tinggal podbo digething. Barung ayo mulih podho manjing.

4.  Akeh Wong ijir, wong cilik sing eman. Selot-selote mbesuke, wolak-walike jaman, wong nyilih mbalekake, wong utang mbayar, utang nyowo nyaur nyowo, utang wirang nyaur wirang.

5. Akeh wong dicakot lemut mati. Dicakot semut sirno. Akeh suworo aneh tanpo bolo, prewangan mahluk alus podho baris, podho rebut gawe bebener garis, tan kasad moto, tan arupo sing mandegani putrane Bethoro Endro.

6.  Agaman Tri Sulo Wondho. Momongane dadi nayakane perang. Perang tanpo bolo, sekti mandrAgung tanpo aji, nglurug tanpo wadya bolo. Yen to menang tan ngasorake, podho sugih tan abondho.

7. Ratu tanah Jowo mung siji nanging podho nyawiji. Agaman agodhong pring nom, atetenger lintang belik, anyekel gaman uleg-uleg wesi lambung, pandereke anyangklong once londo isine lombok kuning. Bumbung wulung tan rosan gineret kreto tan turonggo.

8. Nanging kombak mosiking dane suworo gemrenggeng pindho tawon gung, sing nganglang Gatutkoco, kembar sewu. Suksmane iwak lodan munggah daratan. Kawulo podho suko-suko margo adiling Pangeran wus teko.

9. Ratune nyembah kawulo, pandereke yo podho ngujo, iku momongane Pangeraning Prang. Sing wis adus wirang nanging kondang, sing agaman Tri sulo Wondho, genah kiblate gamblang tur njingglang, ora ono wong ngersulo, gemah ripah loh jinawi, kolo bendu wis mingser/mungkur ganti wuku.

10. Patine jaman Kiamat Kubro.
SEKIAN

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.