23 Maret 2016

RAMALAN JAYABAYA 2


Artikel terkait:

Ramalan ini adalah lanjutan dari ramalan Jaya Baya 1, Selamat membaca...!!

1.  Wektu iki akeh dandang diunekake kuntuk. Wong salah dianggap bener. Pengkhianat nikmat. Durjana sangsoyo sempurno. Wong lugu keblenggu. Wong mulyo dikunjoro.


2. Sing curang garang, sin jujur ancur. Wong dagang kemlanggang. Wong judi podho ndadi. Akeh barang kharam, akeh anak kharam. Prawan cilik podho ngidam, wanita podho nglamar priyo, isih bayi wis podho mbayi. Sing priyo ngasorake drajade dhewe.

3. Wong golek pangan pindho gabah dan interi. Sing kebat, kebat kliwat, sing kasep Kepleset. Sing gawe rame tompo gawe, sing cilik kecelik, sing  anggak ketungkak. Sing wedi podho mati, nanging sing ngawur podho Makmur. Sing ngati-ngati sesambat kepati.

4. Akeh barang klebu luwang, akeh wong kaliren Lan wudho, ora dhuwe wirang mergo kepekso. Wong tuku nglenik sing dodol, sind dodol akal-akal.

5. Pancen wolak-walike jaman. Amenangi jaman edan, sing ora edan ora keduman. Sing waras podho nggaqas. Wong wani ditaleni. Wong doro podho uro-uro. Begja-begjane sing eling Lan waspodho.

6.   Ratu ora netepi janji, musno kuwasane Hang perbawane. Akeh omah ing ndhuwur jaran. Wong podho mangan uwong. Kayu gligen Lan wesi podho kolu diroso enak koyo ruti bolu. Yen bengi ora Iso turu.

7.  Dagang barang saya laris, bandane saya ludes. Akeh wong kaliren ing sisihe panganan. Akeh wong nyekel bondho ning uripe sangsoro. Sing edan bisa podho dandan, sing bengkok bisa nggalang omah gedhong magrong-magrong.

8. Wong waras Lan adil uripe anggagas Lan kepencil. Sing ora bisa maling, podho digething. Sing pinter duroko pudho dadi konco. Wong bener soyo thenger-thenger, wong salah soyo bungah-bungah begjane sing eling. Akeh bondho musno ora karuan larine. Akeh pangkat Lan drajat podho ningkat ora karuan sebab sebabpe.

9.  Rawa podho dadi bero, ebila janmo manungso. Ebila majelis manungso soro. Wong bener thenger-thenger, wong salah bungah-bungah. Begjane sing elingi, begjane sing lali, nanging isih begja sing waspodho.

10. Mulo dan tkenono. Manungso Jowo mengku Ratu, wis ora bapa ora ibu, titikane nganggo ketu bengi asirah watu wesi. Pangapasane wanodyo ngiwi-iwi. Jejuluk sarwo Agung edi.

11.   Banjir bandang ono ngendi-ngedi, gununq njlebug tan njarwani, lan ngimpeni gethinge kepati-pati marang pandhito-pandhito pati geni. Margo wedi kewiyak wadhi. Sopo arane sejati.


12.  Ratu digdoyo ora tadis tapak palune pandhe sisa gurindo. Ning apase mungsun setan, tuyul ambregudul, bocah cilik pating pendelik ngubengi omah sorak-sorak koyo nggusak pitik. Ratu atine dadi cilik. Ngundomono bolo sabrang sing doyan asu.

Bersambung

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.