21 Maret 2016

RAMALAN JAYABAYA 1


Pada kesempatan kali ini, admin akan mempersembahkan sebuah ramalan dari Pujangga Jawa yang sangat mahsyur yaitu Jaya Baya.  Karena ramalan ini seringkali terbukti, maka banyak sekali orang yang mempercayainya.  Untuk itu marilah ikuti bersama.  
Selamat…Membaca….!!

Besuk yen wis ono kreto mlaku tanpa turonggo, tanah Jawa kalungan wesi, prahu mlaku ing awang-awang, kali padha ilang kedunge, pasar ilang kemandange, iku tondo yen tekane Jaman Djoyoboyo wis cedbak.



Bumi saya suwe saya mengkeret, sekilan bumi dipajeki, jaran doyan sambel, kreto roda papat setugel. Wong wadon nganggo pakaian lanang, iki bakal yen nemoni wolak-walike jaman.
Akeh janji ora dketepi, akeh wong nglanggar sumpahe dewe. Manungso podho seneng nyalah. Tan nindake hukume Allah. Barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci.
Akeh manungso ngutamaka real. Lali kamanungsane, lali kebecikan, lali sanak lali kadhang. Akeh bapak lali anak, sedulur podho cidro, keluargo podho curigo, konco dadi mungsuh. Manungso lali asale.
Ukuman Ratu ora adil. Akeh pangkat kang jahat jail. Klakuan podho ganjil, wong sing apik podho kepencil. Makaryo apik manungso, isin, Luwih utomo ngapusi.
Wegah makarya kepingin urip kaya Raja. Ngumbar nafsu angkara murka anggedekake duroko. Wong bener tenger-tenger, wong salah bungah-bungah. Wong apik ditampik, wong jahat munggah pangkat.
Wong agung kesinggun, wong ala dipujo-pujo, wong wadon ilang wadone, ilang wirange. Wong lanang ilang lanange, ilang kaprawirane.


Akeh jago tanpo bojo, wanita podho ora setiyo, laku sedang bubrah jare gagah. Akeh biyung adal anak, akeh wanita adal awak. Bojo ijol-ijolan jarene jempolan.

Wong wadon nunggang jaran, wong lanang nunggang planqki. Rondo seuang loro, prawan saiga lima. Dhudo pincang payu sangang uwang.

Akeh adal ilmu, akeh wong ngaku-ngaku. Njabane putih, njerone dadu. Ngakune suci, sucine palsu. Akeh bujuk akeh loyo.

Akeh udan salah mongso, akeh prawan tuwo. Akeh rondo metheng, akeh bayi tanpo bapak. Akeh agomo akeh sing nantang, kamanungsan akeh sin ilang. Omah suci podho dibenci, omah olo podho dipujo-pujo. Wanita podho wani ing ngendi-ngendi.

Akeh laknat, akeh pengkhianat. Akeh anak mangan bapak. Sedulur nglarak sederek. Guru podho disatru. Buruh dadi mungsuh, tonggo podho curigo. Kono-kene soyo angkaro murko.

Sing weruh ketutuh, sing ora iyo ketutuh, mbesuk yen ono perang teko wetan, soko kulon, lor Lan kidul, wong becik soyo sengsoro Lan mbendul. Wong jahat podho seneng mangan berkat.

Bersambung...!!

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Berkomentarlah secara bijaksana dan sesuai topik pembahasan.